Kekancan nganti tuwa
Faiq,
Farhan, kanca SMP kang paling cedhak karo aku, awake dhewe dadi kanca sak kelas
ing SMP. Sakwise luluse SMP Faiq nerusaken sekolah ana ning pondok Gotor , lan
Farhan nerusaken sekolahe ning MAN Kediri. Dene aku nerusaken ning SMA. Saben
preian sekolah, aku Farhan lan Faiq seneng reunian ning SMP. Sakwise setaun lulus
SMP awake dewe jarang ngumpul maneh. Ing sakwijine wektu preian sekolah ing
wulan juni awake dhewe janjian ketemuan ning acara buka bersama supaya
silaturahmi awake dhewe bisa kejaga.
Sak
durunge wektu reunian aku lan Faiq smsan
“Sida ga reunian karo arek kelas ,
menisan bukber?”. pitkonanku
“ya sida, sesok jam setengah 5 ning
Ayam Bakar Wong Solo.” Jarene Faiq
“Oo ya wes. Sesok ngumpul jam
setengah 5 ya ” Jareku
“ya. oke“ . Jarene Faiq
Ning dina reunian kelas, jam wes numjukake
jam setengah 4 sore. Aku langsung budal menyang panggonan gawe bukber. Ning
panggonan bukber Faiq wis ngenteni aku, kejaba Farhan durung teka. Wis sakjam
ngenteni Farhan, kejaba areke durung teka. Aku ngomong ning Faiq.
“Ayo, nyusul Farhan ning omahe !”.
Jareku
“Ayo. Awakmu ngerti omahe ?” . pitakonane
Faiq
“Takok Heru ae, areke mesti ngerti
omahe Farhan”. Jareku
“Ayo, selak maghrib.” Jarene Faiq
Faiq budal tekok menyang Heru. “Her,
awakmu ngerti omahe Farhan ?”.
“ya, aku ngerti omahe Farhan”. Wangsulane
Heru.
“Awakmu gelem gak ngeterne aku lan
Faiq ? amerga Farhan nganti saiki durung teka.” . pitakonku
“ayo, cepet ya amerga wis jam 5
arepe maghrib.” Wangsulane Heru.
Ning
omahe Farhan awake dhewe ora pethuk Farhan. Awake dhewe di omongi tanggane yen
Farhan sak keluwarga balik menyang Lampung. pungkasanipun awake dhewe balik
menyang panggonan bukber. pungkasanipun wis setahun ora ketemu kanca SMP-ku
sing jenenge Farhan, jabulane Farhan lan aku kuliah ning Universitas kang
padha, yaiku ning Universitas Brawijaya, kejaba Faiq sing ijek ning pondok.
Taun
ngarepe aku ngajak Faiq nerusaken sekolah ning Universitas Brawijaya. Jabulane Faiq
ora ketampa ning Universitas Brawijaya. Nganti lulus kuliah aku Farhan ora tau pethuk
maneh . Ning sawijine dina enek undangan teka Farhan yen areke kawin karo kanca
kuliahe. Telung taun ngarepe aku nyusul Farhan kawin karo kancane Faiq ning
pondok. Setaun ngarepe Faiq nyusul nikah karo kanca SMPne.
Faiq
kerja neng MTs sing ana neng Kediri, yen Aku kerja neng kecamatan neng desaku.
Lan Farhan kerja dadi arsitek ning Malang. Saben taun biasane awake dhewe
reunian karo nggawa istri dhewe-dhewe. Biasane riyayaan nganakake halal bihalal
neng kanca-kanca SMP nganti kanca kuliah. Nganti tuwa Farhan, Faiq lan aku kekancan nganti anake awake dhewe wis gedhe.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar