HOME

Rabu, 09 November 2016

Guyon Maton



Sekolah Rujukan

          Ning sawijine dina, ana murid sing jenenge Budi. Budi nduweni kanca jenenge Doremi. Ing dina kuwi Doremi ora mlebu sekolah tapi ora ana surate. Amarga Doremi kancane, sorene Budi budal ning omahe Doremi
Budi : “kulanuwun.!!”
Solfi(ibu doremi) : “sapa?”
Budi : “kula”
Solfi : “kula sapa?”
Budi : “kulanuwun”
Solfi : “maksude jenenge samean sapa?”
Budi : “Budi”
Solfi : “ooooh anake ibu budi”
Budi : “senes buk, kula anake bu Sri”
Solfi : “ana perlu apa? ”
Budi : “bade madosi Doremi !”
Solfi : “areke ning kamar, mlebua”
Budi : “nyapo ora mlebu sekolah Do?”
Doremi : “Aku kesel !”
Budi : “kesel nyapo?”
Doremi : “kesel sekolahe dadi sekolah rujukan!”
Budi : “apa masalahe?”
Doremi : “gara-gara sekolahe dadi sekolah rujukan, saiki balik sekolah pada  karo balik kerja, guru lan murid ora ana bedane. Sekolah dadi pasar pameran, lan muride dadi sales riwa-riwi ning sekolah. ”
 Budi : “lha kuwi bedane sekolah awake dhewe karo sekolah liyane”
          Sesuk isuke Doremi budal sekolah, mlaku kanti sombong. tibake sekolahe prei.

Kamis, 11 Agustus 2016

Cerkak Basa Jawa

Kekancan nganti tuwa
            Faiq, Farhan, kanca SMP kang paling cedhak karo aku, awake dhewe dadi kanca sak kelas ing SMP. Sakwise luluse SMP Faiq nerusaken sekolah ana ning pondok Gotor , lan Farhan nerusaken sekolahe ning MAN Kediri. Dene aku nerusaken ning SMA. Saben preian sekolah, aku Farhan lan Faiq seneng reunian ning SMP. Sakwise setaun lulus SMP awake dewe jarang ngumpul maneh. Ing sakwijine wektu preian sekolah ing wulan juni awake dhewe janjian ketemuan ning acara buka bersama supaya silaturahmi awake dhewe bisa kejaga.
            Sak durunge wektu reunian aku lan Faiq smsan
“Sida ga reunian karo arek kelas , menisan bukber?”.  pitkonanku
“ya sida, sesok jam setengah 5 ning Ayam Bakar Wong Solo.” Jarene Faiq
“Oo ya wes. Sesok ngumpul jam setengah 5 ya ” Jareku
“ya. oke“ . Jarene Faiq
Ning dina reunian kelas, jam wes numjukake jam setengah 4 sore. Aku langsung budal menyang panggonan gawe bukber. Ning panggonan bukber Faiq wis ngenteni aku, kejaba Farhan durung teka. Wis sakjam ngenteni Farhan, kejaba areke durung teka. Aku ngomong ning Faiq.
“Ayo, nyusul Farhan ning omahe !”. Jareku
“Ayo. Awakmu ngerti omahe ?” . pitakonane Faiq
“Takok Heru ae, areke mesti ngerti omahe Farhan”. Jareku
“Ayo, selak maghrib.” Jarene Faiq
Faiq budal tekok menyang Heru. “Her, awakmu ngerti omahe Farhan ?”.
“ya, aku ngerti omahe Farhan”. Wangsulane Heru.
“Awakmu gelem gak ngeterne aku lan Faiq ? amerga Farhan nganti saiki durung teka.” . pitakonku
“ayo, cepet ya amerga wis jam 5 arepe maghrib.” Wangsulane Heru.
            Ning omahe Farhan awake dhewe ora pethuk Farhan. Awake dhewe di omongi tanggane yen Farhan sak keluwarga balik menyang Lampung. pungkasanipun awake dhewe balik menyang panggonan bukber. pungkasanipun wis setahun ora ketemu kanca SMP-ku sing jenenge Farhan, jabulane Farhan lan aku kuliah ning Universitas kang padha, yaiku ning Universitas Brawijaya, kejaba Faiq sing ijek ning pondok.
            Taun ngarepe aku ngajak Faiq nerusaken sekolah ning Universitas Brawijaya. Jabulane Faiq ora ketampa ning Universitas Brawijaya. Nganti lulus kuliah aku Farhan ora tau pethuk maneh . Ning sawijine dina enek undangan teka Farhan yen areke kawin karo kanca kuliahe. Telung taun ngarepe aku nyusul Farhan kawin karo kancane Faiq ning pondok. Setaun ngarepe Faiq nyusul nikah karo kanca SMPne.
            Faiq kerja neng MTs sing ana neng Kediri, yen Aku kerja neng kecamatan neng desaku. Lan Farhan kerja dadi arsitek ning Malang. Saben taun biasane awake dhewe reunian karo nggawa istri dhewe-dhewe. Biasane riyayaan nganakake halal bihalal neng kanca-kanca SMP nganti kanca kuliah. Nganti tuwa Farhan, Faiq lan aku  kekancan nganti anake awake dhewe wis gedhe.

TAMAT